BLOG AKU ANAK INDONESIA

Cintai hasil karya anak bangsa sendiri

Thursday 6 September 2018

Materi Basa Jawa : Busana Manten Putri Adat Solo

       Hai teman - teman, pada kesempatan kali ini penulis akan memberikan informasi mengenai Busana Manten Putri Adat Solo. Bagi kalian yang merupakan masyarakat Jawa khususnya Jawa Tengah, pasti tak asing mendengar kata tersebut. Pasti kalian juga pernah melihat secara langsung desain busana Adat Solo.

       Ya memang Busana Khas dari Jawa Tengah ini sampai sekarang masih dijadikan busana khusus untuk manten atau acara pernikahan. Busana Manten Putri Adat Solo ini berbeda dengan Busana Manten Putri Adat Jogja. Namun kali ini penulis tidak membahas kedua jenis busana tersebut. Tapi Penulis akan memberikan informasi secara lengkap mengenai Busana Manten Putri Adat Solo. Silahkan disimak ya..



A. BUSANA PENGANTIN SOLO PUTERI

 
 
       Penganten wanita ngagem kebaya beludru. Minangka kebaya beludru nglambangake kemewahan lan kaendahan. Ing ngisor kebaya biasane ana motif merak kang ngelambangake endahe busana. Bahan saking beludru nambah kesan kang mewah kanggo pengantin. Kebaya kang digunakake kebaya dawa nganti dengkul pengantin lan bagian ngarep ngagem Bef lan Kutu Baru. Kutu Baru dipasang bros renteng susun telu ben katon endah

       Warna kang digunakake pakeme yaiku warna ireng nduweni makna keagungan lan kekuatan. Nanging ing jaman saiki enten kebaya beludru puteri ngangge warna abang lan biru. Pengantin wanita ngangge selop border kang warnane sami kalihan warna kebaya. Selop nduweni makna amargi pengantin saged mlampah teng kabecikan.
 
B. MOTIF KAIN




  • Sidomukti nduweni makna yaiku harapan ingkang masa depan cerah lan bahagia
  • Sidoasih nduweni makna supaya pengantin diwenehi rasa kasing sayang.
  • Sidomulyo nduweni makna  yaiku harapan kaluwarga diwenehi kemuliaan.
  • Sidoluhur maknane supaya sing ngangge berbudi luhur,

 C. PENATAAN RAMBUT PENGANTIN SOLO PUTERI

 
  • Ing penataan rambut solo puteri enten 7 cunduk mentul.
  • Lan ing penataan rambut solo puteri ,ronce melati sing digunakake enten 2, yaiku tibo dodo lan ronce melati tibo dodo cengkehan sing nduweni makna supaya cahaya saka gusti saged diresapi ing jero dodo.




  • Ing bagian mburi pengantin wanita enten sanggul wujude bangun tulak sing nduweni makna penolak bala.
  • Batase sanggul lan sasakan sunggar ngginaake sisir/keket saking rancean melati sing maknane kesetiaan marang pengantin kakung.
  • Sanggul bokor mengkurap maknane supaya saged mandiri nalika sampun bale wisma.

 
D. TATA RIAS WAJAH PENGANTIN
 
1. PAES 


  • Paes nduweni makna kecantikan lan simbol mbuang kalakonan sing ora becik.
  • Gajahan maknane supaya saged dados uwong sing berilmu.
  • Pengapit maknane supaya saged mbedakake endi sing becik lan ala.
  • Penitis maknane supaya saged milih sing tepat.
  • Gadeg maknane supaya saged nduwe keturunan kang berilmu.

 2. TATA RIAS


  • Pengantin wanita lan pria dirias kalih bedah sing warnane kekuningan.
  • Pengantin wanita dirias kalih eye shadow warna ijo utawa coklat ingkang nglambangaken kesuburan lan kemakmuran.

 

E. AKSESORIS PENGANTIN WANITA

 
  • Bros sing digunakake yaiku bros susun 2 utawa 3. ing busana solo puteri bros digunakake onten bagian bef utawa kutubaru
  • Bros nduweni makna pelindung saka bahaya sing mboten keton




  • Kalung, gelang, cincin, lan giwang biasane warna emas utawa perak. Sedaya aksesoris niku nduweni makana supaya pengantin swise bale wisma saged urip kalih makmur lan sejahtera.




       Itulah tadi artikel mengenai Materi Basa Jawa : Busana Manten Putri Adat Solo. Semoga informasi diatas dapat dijadikan referensi untuk tugas atau power point. Pastikan kalian selalu update informasi-informasi terbaru dari Blog Aku Anak Indonesia ya..

Terimakasih sudah berkunjung..semoga bermanfaat


Salam Sobat indonesia!

No comments:

Post a Comment